NAWALA PRAPASKAH USKUP AGUNG SEMARANG
Para sadulur, umat Keuskupan Agung Semarang kang kinasih. Berkah Dalem
Ora suwé manèh kita miwiti Mangsa Prapaskah, sing bakal kawiwitan ing dina Rabo
Awu, tanggal 18 Februari 2026. Tumrap kita, mangsa Prapaskah iku dadi mangsa sing
kebak berkah lan uga mujudaké pangajak supaya kita padha sumené sawetara, nata ati
lan nganyaraké urip. Mangsa Prapaskah ora mung dadi padatan tahunan anggèné
padha pasa lan sesirik, ananging dadi wektu mirunggan kanggo reresik ati supaya urip
kita tansaya salaras karo karsa Dalem Gusti lan tansaya preduli marang pepadha.
Sabda Dalem Gusti ing Minggu Lumrah kang kaping enem (6) iki paring pepadhang
anggoné padha miwiti Mangsa Prapaskah. Ing Kitab Putra Sirakh (15:15-20) kita
diélingaké déning Gusti supaya nemtokaké pilihan: milih urip utawa pati, setya utawa
ora. Setya marang karsa Dalem Gusti njalari kita urip, kosokbalèné, yèn ora setya kita
bakal ngalami pati. Gusti Allah ora bakal meksa, ananging ngajak kita supaya milih
“urip” lan tansah tanggung jawab tumrap sing dadi pilihané .
Ing waosan kapindho (1Kor. 2:6-10), Santo Paulus ngélingaké manawa kawicaksanan
Dalem Gusti iku dudu kawicaksananing donya. Kawicaksanan Dalem Gusti mung bisa
dimangertèni déning wong sing wani mbuka ati lan tinarbuka marang tuntunaning
Hyang Roh Suci.
Déné Ing waosan Injil (Mat. 5:17-37), Gusti Yesus kanthi tegas ngandika manawa
rawuh Dalem iku ora bakal nyuwak utawa nyingkiraké angger, kosokbalené bakal
paring sampurnané. Gusti Yésus ngajak supaya anggoné mbangun miturut lan netepi
angger ora mung mandheg ing tata lair, ananging ngajak anggèné mbangun miturut
mau tuwuh saka jeroning ati. Yèn ana dhawuh aja gawé raja pati, Gusti Yésus ngajak
supaya kudu wani nyingkiri watak nepsu; ora mung ora tumindak dosa, nanging kudu
njaga murnining ati; ora mung bisa matur bab sing bener, ananging kudu wani
tumindak jujur. Mbangun miturut lan netepi angger kudu kinanthèn sikap batin sing
murni lan tulus, supaya tumindak becik sing salaras karo karsa Dalem Gusti mau
kawujud ana ing urip.
Para sadulur kang kinasih ing Gusti,
Sabda Dalem kang kita pireng dina iki selaras karo téma APP 2026, yaiku:
“Pasamuwan Suci Mbudidaya Keleksanané Masyarakat kang Gambira lan Raharja”.
Téma iki uga dadi srana kaleksanané Ardas kang kaping IX 2026-2030: “Dadi
Pasamuwan Suci kang Gambira, Paring Tuladha, lan Ngudi Karaharjan”.
• Gambira ora mung merga kecukupan raja brana kadonyan, ananging merga
urip kita tansaya wutuh, ya kapribadèné, rasa prangrasané utawa batiné, lan
rasa sosialé. Kita gambira merga Gusti Allah tuhu tresna marang kita sawutuhé,
ora négaaké kita mlaku dhèwèkan.
• Paring tuladha tegesé wani miwiti tumindak kang becik, dadi tuladha kang bisa
nggugah semangaté liyan nindakaké kabecikan. Ora mung mandheg ana ing
tetembungan, ananging mawujud ana ing tumindak kang nyata.
• Paring karaharjan tegese bisa paring urip kang murwat lan bisa njunjung drajat
martabating umat manungsa, luwih-luwih marang para sadulur sing kasrakat,
sèkèng, miskin, kasingkir, lan difabel.
Para sadulur kang kinasih,
Sarana APP, Pasamuwan Suci ngajak kita mbangun sikap pamartobat kang nyata
kanthi pasa, donga, lan dedana. Gusti ngersaaké pamartobat iki ora mung mandheg ing
tata lair, ananging kudu bisa ngowahi utawa ndandani ati lan budi kita. Sarana
mangkono kita bisa ngalami urip anyar. Urip anyar iku katon manawa kita nggatèkaké
lan preduli marang kang nembé ngalami bot répoting urip, kaya upamané: merga lagi
nandhang lara, kangèlan golèk gawéan, semono uga ing bab ékonomi ya isih abot,
merga panindhesan, para adi yuswa ngrasa sepi tanpa kanca, ing brayat ana sing
rumangsa kasingkir lan ngalami panyiksan, sarta kélangan sanak kadang lan omah
merga bencana akam kang werna-werna.
Ing kahanan kang kaya mangkono iku tinemu maknaning pasa. Pasa ngajak kita urip
sing luwih prasaja supaya bisa nggatèkaké pepadha kang nembé ngalami bot répoting
urip. Pasa nuntun kita supaya tanggap lan preduli marang sapa baé kang mbutuhaké
pambiyantu lan pitulungan kita. Mula pasa ora mung cegah dhahar, ananging uga bisa
menggak pepénginan sing ora prelu.
Séjéné pasa, pamartobat iku uga bisa dileksanani srana donga utawa sembahyang.
Donga nuwuhaké landheping pangrasa. Ing donga iku, kita sinau nyawang samubarang
miturut pamawasaning Allah piyambak saéngga ati kita ora atos kaya watu ananging
lembut lan kebak welas asih.
Déné sarana awèh dedana pangandel kita kawujud nyata. Awèh dedana iku ora mung
prekara mbiyantu pepadha merga turah bandha, ananging suka bagi kanthi tulus
iklasing ati kanggo pulihing drajat martabating umat manungsa. Sanajan sethithik, yèn
tulus bakal migunani. Mula saka iku “dana sosial Gereja” – kayata dana APP, danpamis
(dana papa miskin), dana kanggo bencana, dana pendidikan, dana kesehatan, dana
pangruktilaya – kudu dipigunaaké sabecik-beciké salaras karo ancas tujuwané.
Kanggo iki mau kabèh, aku ngajak paroki-paroki, lingkungan, lan paguyubanpaguyuban padha nguri-nguri lan nguripi ARDAS IX KAS kanthi samesthiné.
Cacahing umat kang mbutuhaké pitulungan dicathet temenan supaya dana-dana sosial
iku mau bisa dirasaaké pigunané kanggo umat sing pancèn mbutuhaké. Semono uga
keluarga-keluarga kudu digatèkaké apa kang dadi kebutuhané. Umat sing atiné remuk
rempu lan ora duwé sapa-sapa uga kudu digatèkaké temenan kanthi asih. Bocah-bocah
sekolah, luwih-luwih sing nandhang kekurangan kudu digatèkaké lan dibantu supaya
tetep bisa sekolah. Ayo padha tansah semangat anggoné gotong royong paring
pambiyantu marang sanak kadang kang nembé nandhang susah merga bencana, lan
sayuk rukun ngrawat lan njaga lestarining alam. Kabèh mau kudu dilakoni bebarengan
kinanthèn samangat gotong royong lan paseduluran kang rumaket.
Para sadulur kang kinasih,
Ing Injil dina iki Gusti Yésus ngélingaké manawa mbangun miturut kang sejati iku
tuwuh saka ati sing wis dianyaraké. Ing mangsa Prapaskah iki ayo padha nganyaraké
urip srana mbangun kasetyan marang karsa Dalem Gusti, ora mung ing tetembungan
ananging luwih-luwih ana ing tindak tanduk kita. Ayo ndadèkaké mangsa Prapaskah
lan APP iki dadi srana anggèn kita mbangun pamartobat pribadi lan bebarengan. Muga
iku kabèh dadia srana anggèn kita ngatonaké Pasamuwan Suci kang gambira, paring
tuladha, lan ngudi karaharjan ing tengahing masyarakat. Muga mangsa Prapaskah iki
dadia srana kanggo kita kabèh tansaya bisa nduwèni pangandel kang jero, teguh ing
pangarep-arep, lan tansaya sugih ing katresnan.
Awit kawigatèn lan kasedyané Umat bebarengan mbudidaya amrih kaleksanané
masyarakat kang gambira lan kebak ing karaharjan, aku ngaturaké agenging panuwun.
Semarang, 25 Januari 2026
Pèngetan Mertobaté Rasul Santo Paulus
† Robertus Rubiyatmoko
Uskup Agung Semarang
PRANATAN PASA LAN SESIRIK TAHUN 2026
Adhedhasar Ketentuan Pastoral Keuskupan Regio Jawa taun 2016, pasal 138 No.2.b,
lan uga kanon 1249-1253 Kitab Hukum Kanonik 1983 bab dina pamartobat, pranatan
bab pasa lan sesirik katetepaké mangkéné:
1. Rebo Awu tanggal 18 Februari 2026 lan Jemuwah Adi tanggal 3 April 2026
katetepaké dadi dina pasa.
Dina sesirik dileksanani ing dina Rebo Awu lan saben dina Jemuwah sajroning
mangsa Prapaskah nganti tekan Jemuwah Adi.
2. Tegesé pasa, yaiku sedina mung dhahar sepisan. Umat sing wajib pasa, yaiku
umat sing umur 18 tekan 60 tahun.
3. Tegesé sesirik, yaiku ora dhahar daging utawa dhaharan liyané sing dadi
karemenané. Éwodéné yèn umat ngersaaké, uga diprayogaaké wektu kanggo
sesirik ditindakaké saben dina Jemuwah sajroning taun, kejaba ing dina
Jemuah mau ngepasi dina riaya miturut kalender liturgi.
Umat sing wis ganep umur 14 tahun wajib sesirik.
Yèn umat ngersaaké wujud pasa lan sesirik sing luwih abot, saben pribadi utawa brayat
lan komunitas bisa migunaaké wektu 40 dina ing Mangsa Prapaskah iki dadi wektu
mirunggan kanggo mbangun pamartobat lan matiraga kang luwih abot iku. Bab iki
bisa diwujudaké kaya upamané mbiyantu pepadha kang mbutuhaké pitulungan; sarta
nggladhi dhiri ing olah rohani, kayata maos Kitab Suci, nglelimbang renungan APP,
rékoleksi/retrèt, sembahyang dalan pamenthangan, nampa sakramèn pamratobat,
mèditasi, lan adorasi.